KAWRUH BUDAYA
GAMELAN KARAWITAN
Gamelan inggih menika
arane tetabuhan kangrericikane akeh banget (saron, bonang, gender, lan
sapiturutipun) Baoesastra Djawa W.J.S
Poerwadarminta. Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arup perunggu
utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), Kuningan saha Barut (wesi lan
plat). Gamelan iku salah sawijining jinis utawa corak gamelan kang urip ing
tlatah Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan
beda karo dhaerah liya, amargi musik gamelan Jawa umume nduwe nada luwih lembut lan nganggo tempo luih
alon. Amarga iku, Gamelan Jawa ugi kasebut pentatonis.
Gamelan komplit nduweni 2
laras inggih menika Gamelan Slendro dan Gamelan Pelog. Laras Slendro beda karo
Laras pelog. Laras Slendro ora ana nada 4 (papat/pat) lan 7 (pitu/pi) Laras
slendro nggadahi 5 nada, inggih punika 12356 kanthi interval kang padha. Dene
laras pelog iku nduweni 7 nada ingggih punika 1234567.
Instrumen Gamelan Jawa
utawa prabot gamelan sing diwastani ricikan nduwe aturan – aturan kang pakem,
antarane saben piranti nduwe fungsi dhewe – dhewe, kayata kang murba lagu
inggih menika rebab, gender, bonang, suling, gambang; kang mangku lagu inggih
punika celempung, siter lan balungan ( slenthem lan saron), Dene arane pemain
sing nabuh gamelan iku lumrah kasebut panayaga utawa wiyaga. Sing nembang arane
pesindhen utawa wira-swara/swarawati.
Ing ngisor iki andharan
sekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan lan cara nabuh gamelan.
1. Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang
Wujud Teokan kayadene Bedhug, Kendhang, Ketipung, Tambur. Cara nabuh dithuthuk
(bedhug, tambur) dikebuk / dikeplak / tabok (kendhang)
Kendhang
Kendhang iku piranti
gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji (dikebuk).
Wujude meh silindher, simetris ing salah sijining bagian. Umume swara kang
diasilake inggih menika : dlang, dhah, dheng/nggen, thung, ket, tong lan tak.
Kendhang iku wujude ana:
a.
Kendhang
gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukuranne
dibandhing kendhang liyane. Kendhang gedhe ngasilaken swara kang cendhek dhewe
tinimbang kendhang liyane.
b.
Kendhang
ketipung utawa kendhang kang paling cilik lan nagsilaken swara paling dhuwur tinimbang
kendhang liyane. Ketipung biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng. Swara
ketipung iki padha karo swara kendhang umume.
c.
Kendhang batangan utawa kendhang ciblon
iku kendhang sing ukuranne sedheng, luwih cilik sithik dibanding kendhang ageng
lan kendhang sabet. Swara kendhang iki luwih dhuwur tinimbang kendhang ageng.
Kendhang iki biasane ditabuh kanggo ngiringi tari / joged lan gendhing.
d.
Kendhang wayangan utawa kendhang sabet/
kosek iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik tinimbang kendhang
ageng ning luwih gedhe sithik tinimbang kendhang ciblon. Kendhang iki
ngasilaken swara ingkang dhuwur lan ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang.
2. Wujud Wilahan
Gamelan
sing wujud wilahan inggih punika gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron,
Peking. Lan cara nabuh inggih menika dithuthuk
a.
Gender inggih menika piranti gamelan jawa
kang kasusun ing papan ayunan lan ngisore ana tabung / siliner kang fungsine
kanggo ngatur gema swarane. Tabung menika umum didamel saking pring lan wesi
tipis. Mituru jinisipun, gender wonten 2 jinis inggih menika Gender Barung lan
Gender penerus. Mituru titi laras : Gender slendro, G. Pelog bem, G. Pelog
Barang.
b.
Slenthem inggih menika kagolong gamelan
wujud balungan kang ngasilake swara alus tinimbang balungan liyane (saron).
Wujud slenthem iki irib irib kaliyan gender. Cacah wilah Slenthem Pelog 7
wilah, Slendro 6. Miturut titi laras ana Slenthem Slendro lan Slenthem Pelog.
c.
Gambang menika wujudipun irib irib kaliyan
saron ning luwih ageng lan dawa. Wilahanipun didamel saking kayu. Wilahan padat
dipundamel saking kajeng berlian utawa kajeng lengki, rancakan ngiras
resonator. Miturut titi laras wujud gambang ana Gambang Slendro, Pelog Bem,
Pelog Barang.
d.
Demung inggih menika piranti gamelan wujud
wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. Ana 3 jinis saron inggih
menika Saron Demung, Saron Barung lan Sarung Panerus. Wilahan logam
dipuntumbangake rancakan ngangge bantalan tawonan, dikancing ngangge paku.
Ricikan balungan ingkang ukuranipun ageng piyambak. Demung pelog sarancak 7
wilah : 1,2,3,4,5,6,7
e.
Saron barung utawa Ricik inggin menika
piranti gamelan jinis saron tengah tengah inggih menika antaranipun peking lan
demung. Wilah saron barong iki luwih ageng tinimban saron penerus, ananging
luwih cilik tinimbang saron demung. Wilahan saron barung saking logam,
dipuntumpangaken rancakan ngagem bantalan tawonan dipunkancingaken ngagem paku.
f.
Peking (saron penerus) iku jinis saron
kang paling cilik. Wilah saron penerus menika luwih cilik tinimbang saron
barung lan demung, ananging wilahanipun luwih kandel. Wilahan saron barung
saking logam, dipuntumpangaken rancakan ngagem bantalan tawonan dipunkancingaken
ngagem paku. Ricikan balungan ingkang ukuranipun alit piyambak. Uga sinebat
saron penerus utawi Thithi.
3. Wujud Wilahan Pencon
Gamelan
sing wujude wilahan Pencon inggih menika Slentho, Gong kemodong, Kecer, lan
cara nabuhe dithuthuk.
a.
Gong Kemodhong inggih menika gong wujud
wilahan ngangge pencu, dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing sindik,
dipunpantheng dhateng rancakan ing salebetipun kaparingan klenthing kangge
resonator. Padetan sarancak cacah 2 wilah, dipuntabuh teturutan. Tabuhipun
sinebat gembel.
b.
Kecer inggih menika piranti gamelan
ditangkubake ing pasangaene. Kecer iku biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon
dolanan ing pagelaran karawitan. Wujudipun kecer kaya piringan simbal nanging
ukuranipun cilik. Sarancak isi kalih tangkep, lan cara nabuh di aben wilah.
4. Wujud Pencon
Gamelan
sing wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul,
Suwukan, Gong. Cara nabuhipun inggih menika dithuthuk.
a.
Bonang inggih menika salah sawijining piranti
gamelan kang wujudipun arupa pencon. Bonang menika ditata rong baris, saben
baris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon, dadi cacahe kabeh
ana 10 uatwa 12, dene saben sabaris gamelan pelog ana 7 pencon lan cacahe kabeh
ana 14. Wujudipun bonang ana 3 inggih menika bonang panembung (paling agen),
bonang barung, lan bonang panerus. Bonang laras slendro saben rancak padatan
isi 10 pencu, Boang laras pelog saben rancak padatan isi 14 pencu.
b.
Kethuk lan Kempyang inggih menika piranti gamelan
kang kasusun ing papan kaya ayunan, dados cara natanipun irib irib kaliyan
kenong lan bonang. Rancakan kethuk lan kempyang iku luwih cendhek tinimbang
kenong. Kethuk wujud pencon kados ricikan bonang, padatan mawi laras 2 ageng,
pigunanipun kangge tandha ajeging wirama (pamengku wirama) saha nedahkaken
jinising gendhing (lancaran, ladrang, ketawang, lsp), tabuhipun sinebat bindi
c.
Kenong inggih menika piranti gamelan kang
irib irib kaliyan bonang, kempyang lan kethuk. Ing klompo piranti gamelan kang
diayun menika, kenpng nggadhahi ukuran ingkang paling ageng. Wujudipun pencon,
langkung ageng lan inggill tinimbang bonang. Tumrap saprangkat gamelan ingkang
tumbuk laras 6, cacahing kenong padatan 10 pencon.
d.
Kempul inggih menika piranti gamelan
ingkang gumantung persis kaya gong. Kempul menika cacahipun gumantung jinis
pagelarane, dados mboten mesthi. Bentuk kaya gong ananging luwih cilik lan
diameter umum 45cm. Wujud kempul inggih menika pencon, peranganipun pencu,
praen, widhangan/bahu lan gegesan. Tabuhanipun sinebat gembel
e.
Gong inggih menika piranti gamelan jawa
kang ditabuh didamel saking tosan, lan nggadhahi ukuran kan paling ageng.
Piranti menika biasanipun dipapanaken ing mburi dhewe. Gong gadhah swara kang
gedhe lan nadhane paling cendhek tinimbang nadha piranti gamelan liyane. Gong
biasanipun gumantung ing kayu ingkang kuat.
5. WUJUD KAWATAN
a.
Rebab inggih menika piranti gamelan kang
cara nabuhipun dikosok (digesek). Rebab menika ginanipun kangge murba lagu,
damel variasi lagu, lan uga kangge mbukani gendhing. Rebab dipundamel saking
kajeng gadhing, membran, saha kawat. Cara ngungelangaken dipunkosok/ gese mawi
senggreng (rambut jaran)
b.
Celempung lan Siter inggih menika piranti
gamelan kang cara nabuhe dipethik padha karo siter, cacah senaripun wonten 11
lan 13 pasang. Celempung menika bebarengan karo siter dados piranti utama ing
gamelan. Piranti menika mlebet kelompok panerusan lan nggadhahi tempo kang
padha karo gambang. Celempun dipundamel saking kajeng saha kawat, rancakinpun
ngiras resonator, cara ngginakaken dipunpethik/cuwik ngangge kuku jempol asta.
6. WUJUD PIPA
a.
Suling inggih menika piranti musik kang
disebul, lan gadhah fungsi inggih menika kangge variasi melodi. Suling
dipundamel saking deling/pring, padatan dipuncawisaken kalih, suling laras
slendro lan pelog.
b.
Kemanak inggih menika piranti gamelan kang
wujudipun memper gedhang. Kemanak menika biasanipun ditabuh kangge ngiringi
bedhayan.
TABUHING GAMELAN
KESIMPULAN SAKING ANDHARAN INGKANG KULA TULIS INGGIH MENIKA :
Instrumen Gamelan Jawa sing diwastani
ricikan nggadhahi aturan ingkang pakem lan saben piranti gadhah fungsi dhewe
dhewe. Wujudipun wonten Tebokan, Wilahan, Wilahan Pencon Pencon, Kawatan, lan
Wujud Pipa
TEMBANG UYON UYON
KASUSASTRAN ING GENDHING :
1.
Cakepan inggih punika syair, tetembungan
kang kangge tembang2. Cengkok inggih punika lak-luking swara kange nglagokaken tembang
3. Gendhing inggih punika lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan
4. Gamelan inggih punika piranti karawitan kangge ngiringi tembang
5. Laras inggih punika rasa thinthingane swara cendhak ngantos swara dhuwur
6. Titi Laras inggih punika angka minangkan gantine laras
7. Pathet inggih punika ukuran cendhek dhuwuripun swara kangge nglagokaken tembang
8. Pedhotan inggih punika pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben lirik
9. Senggakan inggih punika unen unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing
10. Swarawati inggih punika waranggana, pesindhen, penyanyi putri
11. Wiraswara inggih punika penyanyi kakung
12. Gerong inggih punika tembang kang dilagokaken sareng kaliyan gamelan kangge nyarengi gendhing
13. Sindhenan inggih punika tembang kang dilagokaken dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan
14. Irama inggih punika ukuran rindik rikating panabuhing gamelan
15. Bawa inggih punika tembang kangge mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan
16. Buka inggih punika tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing
17. Blimbingan inggih punika wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron lan peking sing tengahipun ngangge lingiran
18. Niyaga inggih punikaparaga kang ngayahi nabuh mangsa
19. Paniti inggih punika paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggungan
20. Karawitan inggih punika gumelaring gangsa saprabote, saged wujud pagelearan mandhiri utawa kangge ngiringi pagelaran liyane
21. Waranggana inggih punika wanita ingka ngrengga karawitan kanthi tetembangan
22. Saprangkat inggih punikagangsa jangkep, laras slendro lan pelog
23. Sapangkon inggih punikanamung laras slendro utawa pelog kemawon
24. Cokekan inggih punika pagelaran karawitan kang ricikanipun gender, slenthem, kendhang bathangan, siter, gong kemodhong
25. Alusan inggih punika gender,gambang, rebab, siter, suling
26. Balungan inggih punika demung, saron, peking
Kapethik saking : LKS BASA
JAWA lan saking sumber informasi penulis