CERKAK
Sing Nandur Bakal Ngundhuh
Sing Nandur Bakal Ngundhuh
Esuk iki
langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem banget.
Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohong menyang
pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi
saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis
pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umi duwe bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan
Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune.
Bu Umi biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk.
Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung
sing digawa kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali
menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing
pinter lan sregep, saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik
lan dadi sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa
rendheng saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu
iki Ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung
bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa
disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam
sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis
neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang
bocah kuwi.
“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko
amarga durung ngerti basa krama.
“Hla Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu
Umi takon meneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing
dinggo dodol Bu Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol
permen.” semaure bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo
njupuk wedang kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter nangise.
“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe
wedang iki dhisik, Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu
dhisik ya?” welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku
permen. Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi tetep numbasake permen
kanggo bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing
tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani ibu-ibu
mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi
putranipun?” pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak
kula?” ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa
leres putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan
sing dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing
nggoleki nganti bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung
nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi
anak kula,” Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi
menehake permen marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu Umi
nerusake nata dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata, Ilham nyusul
menyang pasar amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih akeh.
Dina iki lagi ana rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga kabeh muride
bali luwih cepet.
Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo
Ilham sing lagi nglebokake pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul gumun karo
Bu Umi sing gelem tetulung marang wong sing durung tau ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine
tansah susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi ngerti apa kang
lagi dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah amarga bayaranmu kuwi.
Nanging, Ibu saiki durung duwe dhuwit sing ganep kanggo mbayar. Ibu rencanane
mengko arep nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik. Dadi yen dina iki Ibu entuk
silihan dhuwit, sesuk kowe bisa mbayar buku lan seragam,” ngendikane Bu Umi
marang Ilham.
“lnggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun ndadosaken
Ibu susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora usah
njaluk ngapura,” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh.
“Nggih Bu, kula badhe mangkat sekolah rumiyin,” Ilham
pamitan lan salim marang ibune.
Nalika sayah ngaso, Ilham menyang perpustakaan ing
sekolahe. Ing kono uga ana Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe Ilham amarga Bu
Nurul iku garwane kepala sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen Ilham kuwi
putrane Bu Umi amarga wis tau weruh nalika ning pasar.
Bu Nurul nyawang Ilham kayane lagi susah, banjur arep
nyedhaki Ilham nanging bel tandha mlebu kelas wis muni. Bu Nurul ora sida
nemoni Ilham. Bu Nurul wis bisa ngira-ira yen Ilham lagi mikirake bayaran
amarga minggu iki telat-telate mbayar.
Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) lan
nakokake bayaran sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepengin mbiyantu
mbayar buku lan seragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang Ilham.
Nalika bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU
kanggo nemoni Bu Nurul. Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk
menyang TU, atine Ilham dadi dheg-dhegan. Banjur diterangake yen bayarane arep
dilunasi Bu Nurul kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng
banget lan njaluk idin arep matur marang ibune dhisik.
Sawise Ilham matur marang ibune, Bu Umi kaget. Lan
kanggo rasa ngurmati, Bu Umi menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu
Nurul rikala wingi. Bu Nurul wektu iku uga ana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun pirsa menapa kula angsal
mbiyantu panjenengan anggenipun mbayar buku lan seragamipun Ilham? Menika
kangge wujud matur nuwun kula dhateng panjenengan ingkang sampun mbiyantu njagi
anak kula nalika wonten peken,” pitakone Bu Nurul kanthi alus supaya ora
nglarani atine Bu Umi.
“Saderengipun matur nuwun, ananging kula menika ikhlas
mbiyantu panjenengan lan boten gadhah gegayuhan menapa-menapa,” ngendikane Bu
Umi.
“Inggih Bu, ananging menika ugi kangge bebungah Ilham
amargi sampun dados juwara setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis ngerti
yen Ilham duwe prestasi kang apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah, menawi kados mekaten, kula ngaturaken
matur nuwun sanget awit bebungah menika, Bu,” wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes
mili.
“Kula ingkang kedahipun ngaturaken matur nuwun dhateng
panjenengan,” ngendikane Bu Nurul.
“Inggih Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur
salaman.
Bu Umi ora ngira yen tumindake sing kanggone ora
sepira kuwi bisa diwales kanthi kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa
wae kang dilakoni ing donya iki mesti bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya
unen-unen: apa sing ditandur, ya kuwi sing bakal diundhuh.
PENULIS: Kusmira Dwi Ayuani, Mahasiswa Program Studi
Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret
http://www.solopos.com/2013/02/14/cerkak-sing-nandur-bakal-ngundhuh-379078
Tidak ada komentar:
Posting Komentar