Sabtu, 20 Mei 2017

KAWRUH GAMELAN LAN UYON UYON



KAWRUH BUDAYA
GAMELAN KARAWITAN
Gamelan inggih menika arane tetabuhan kangrericikane akeh banget (saron, bonang, gender, lan sapiturutipun) Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadarminta. Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arup perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), Kuningan saha Barut (wesi lan plat). Gamelan iku salah sawijining jinis utawa corak gamelan kang urip ing tlatah Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan beda karo dhaerah liya, amargi musik gamelan Jawa umume nduwe nada luwih lembut lan nganggo tempo luih alon. Amarga iku, Gamelan Jawa ugi kasebut pentatonis.
Gamelan komplit nduweni 2 laras inggih menika Gamelan Slendro dan Gamelan Pelog. Laras Slendro beda karo Laras pelog. Laras Slendro ora ana nada 4 (papat/pat) lan 7 (pitu/pi) Laras slendro nggadahi 5 nada, inggih punika 12356 kanthi interval kang padha. Dene laras pelog iku nduweni 7 nada ingggih punika 1234567.
Instrumen Gamelan Jawa utawa prabot gamelan sing diwastani ricikan nduwe aturan – aturan kang pakem, antarane saben piranti nduwe fungsi dhewe – dhewe, kayata kang murba lagu inggih menika rebab, gender, bonang, suling, gambang; kang mangku lagu inggih punika celempung, siter lan balungan ( slenthem lan saron), Dene arane pemain sing nabuh gamelan iku lumrah kasebut panayaga utawa wiyaga. Sing nembang arane pesindhen utawa wira-swara/swarawati.
Ing ngisor iki andharan sekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan lan cara nabuh gamelan.
1.      Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang Wujud Teokan kayadene Bedhug, Kendhang, Ketipung, Tambur. Cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) dikebuk / dikeplak / tabok (kendhang)
Kendhang
Kendhang iku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji (dikebuk). Wujude meh silindher, simetris ing salah sijining bagian. Umume swara kang diasilake inggih menika : dlang, dhah, dheng/nggen, thung, ket, tong lan tak. Kendhang iku wujude ana:
a.       Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukuranne dibandhing kendhang liyane. Kendhang gedhe ngasilaken swara kang cendhek dhewe tinimbang kendhang liyane.
 

b.      Kendhang ketipung utawa kendhang kang paling cilik lan nagsilaken swara paling dhuwur tinimbang kendhang liyane. Ketipung biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng. Swara ketipung iki padha karo swara kendhang umume.

c.       Kendhang batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing ukuranne sedheng, luwih cilik sithik dibanding kendhang ageng lan kendhang sabet. Swara kendhang iki luwih dhuwur tinimbang kendhang ageng. Kendhang iki biasane ditabuh kanggo ngiringi tari / joged lan gendhing.

d.      Kendhang wayangan utawa kendhang sabet/ kosek iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik tinimbang kendhang ageng ning luwih gedhe sithik tinimbang kendhang ciblon. Kendhang iki ngasilaken swara ingkang dhuwur lan ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang.


2.      Wujud Wilahan
Gamelan sing wujud wilahan inggih punika gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Lan cara nabuh inggih menika dithuthuk

a.       Gender inggih menika piranti gamelan jawa kang kasusun ing papan ayunan lan ngisore ana tabung / siliner kang fungsine kanggo ngatur gema swarane. Tabung menika umum didamel saking pring lan wesi tipis. Mituru jinisipun, gender wonten 2 jinis inggih menika Gender Barung lan Gender penerus. Mituru titi laras : Gender slendro, G. Pelog bem, G. Pelog Barang.

b.      Slenthem inggih menika kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus tinimbang balungan liyane (saron). Wujud slenthem iki irib irib kaliyan gender. Cacah wilah Slenthem Pelog 7 wilah, Slendro 6. Miturut titi laras ana Slenthem Slendro lan Slenthem Pelog.                        

c.       Gambang menika wujudipun irib irib kaliyan saron ning luwih ageng lan dawa. Wilahanipun didamel saking kayu. Wilahan padat dipundamel saking kajeng berlian utawa kajeng lengki, rancakan ngiras resonator. Miturut titi laras wujud gambang ana Gambang Slendro, Pelog Bem, Pelog Barang.

d.      Demung inggih menika piranti gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. Ana 3 jinis saron inggih menika Saron Demung, Saron Barung lan Sarung Panerus. Wilahan logam dipuntumbangake rancakan ngangge bantalan tawonan, dikancing ngangge paku. Ricikan balungan ingkang ukuranipun ageng piyambak. Demung pelog sarancak 7 wilah : 1,2,3,4,5,6,7

e.       Saron barung utawa Ricik inggin menika piranti gamelan jinis saron tengah tengah inggih menika antaranipun peking lan demung. Wilah saron barong iki luwih ageng tinimban saron penerus, ananging luwih cilik tinimbang saron demung. Wilahan saron barung saking logam, dipuntumpangaken rancakan ngagem bantalan tawonan dipunkancingaken ngagem paku.

f.       Peking (saron penerus) iku jinis saron kang paling cilik. Wilah saron penerus menika luwih cilik tinimbang saron barung lan demung, ananging wilahanipun luwih kandel. Wilahan saron barung saking logam, dipuntumpangaken rancakan ngagem bantalan tawonan dipunkancingaken ngagem paku. Ricikan balungan ingkang ukuranipun alit piyambak. Uga sinebat saron penerus utawi Thithi.


3.      Wujud Wilahan Pencon
Gamelan sing wujude wilahan Pencon inggih menika Slentho, Gong kemodong, Kecer, lan cara nabuhe dithuthuk.

a.       Gong Kemodhong inggih menika gong wujud wilahan ngangge pencu, dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing sindik, dipunpantheng dhateng rancakan ing salebetipun kaparingan klenthing kangge resonator. Padetan sarancak cacah 2 wilah, dipuntabuh teturutan. Tabuhipun sinebat gembel.

b.      Kecer inggih menika piranti gamelan ditangkubake ing pasangaene. Kecer iku biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan. Wujudipun kecer kaya piringan simbal nanging ukuranipun cilik. Sarancak isi kalih tangkep, lan cara nabuh di aben wilah.


4.      Wujud Pencon
Gamelan sing wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuhipun inggih menika dithuthuk.

a.       Bonang inggih menika salah sawijining piranti gamelan kang wujudipun arupa pencon. Bonang menika ditata rong baris, saben baris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon, dadi cacahe kabeh ana 10 uatwa 12, dene saben sabaris gamelan pelog ana 7 pencon lan cacahe kabeh ana 14. Wujudipun bonang ana 3 inggih menika bonang panembung (paling agen), bonang barung, lan bonang panerus. Bonang laras slendro saben rancak padatan isi 10 pencu, Boang laras pelog saben rancak padatan isi 14 pencu.

b.      Kethuk lan Kempyang inggih menika piranti gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, dados cara natanipun irib irib kaliyan kenong lan bonang. Rancakan kethuk lan kempyang iku luwih cendhek tinimbang kenong. Kethuk wujud pencon kados ricikan bonang, padatan mawi laras 2 ageng, pigunanipun kangge tandha ajeging wirama (pamengku wirama) saha nedahkaken jinising gendhing (lancaran, ladrang, ketawang, lsp), tabuhipun sinebat bindi

c.       Kenong inggih menika piranti gamelan kang irib irib kaliyan bonang, kempyang lan kethuk. Ing klompo piranti gamelan kang diayun menika, kenpng nggadhahi ukuran ingkang paling ageng. Wujudipun pencon, langkung ageng lan inggill tinimbang bonang. Tumrap saprangkat gamelan ingkang tumbuk laras 6, cacahing kenong padatan 10 pencon.

d.      Kempul inggih menika piranti gamelan ingkang gumantung persis kaya gong. Kempul menika cacahipun gumantung jinis pagelarane, dados mboten mesthi. Bentuk kaya gong ananging luwih cilik lan diameter umum 45cm. Wujud kempul inggih menika pencon, peranganipun pencu, praen, widhangan/bahu lan gegesan. Tabuhanipun sinebat gembel

e.       Gong inggih menika piranti gamelan jawa kang ditabuh didamel saking tosan, lan nggadhahi ukuran kan paling ageng. Piranti menika biasanipun dipapanaken ing mburi dhewe. Gong gadhah swara kang gedhe lan nadhane paling cendhek tinimbang nadha piranti gamelan liyane. Gong biasanipun gumantung ing kayu ingkang kuat.

5.      WUJUD KAWATAN
a.       Rebab inggih menika piranti gamelan kang cara nabuhipun dikosok (digesek). Rebab menika ginanipun kangge murba lagu, damel variasi lagu, lan uga kangge mbukani gendhing. Rebab dipundamel saking kajeng gadhing, membran, saha kawat. Cara ngungelangaken dipunkosok/ gese mawi senggreng (rambut jaran)

b.      Celempung lan Siter inggih menika piranti gamelan kang cara nabuhe dipethik padha karo siter, cacah senaripun wonten 11 lan 13 pasang. Celempung menika bebarengan karo siter dados piranti utama ing gamelan. Piranti menika mlebet kelompok panerusan lan nggadhahi tempo kang padha karo gambang. Celempun dipundamel saking kajeng saha kawat, rancakinpun ngiras resonator, cara ngginakaken dipunpethik/cuwik ngangge kuku jempol asta.

6.      WUJUD PIPA
a.       Suling inggih menika piranti musik kang disebul, lan gadhah fungsi inggih menika kangge variasi melodi. Suling dipundamel saking deling/pring, padatan dipuncawisaken kalih, suling laras slendro lan pelog.

b.      Kemanak inggih menika piranti gamelan kang wujudipun memper gedhang. Kemanak menika biasanipun ditabuh kangge ngiringi bedhayan.


TABUHING GAMELAN





KESIMPULAN SAKING ANDHARAN INGKANG KULA TULIS INGGIH MENIKA :

    Instrumen Gamelan Jawa sing diwastani ricikan nggadhahi aturan ingkang pakem lan saben piranti gadhah fungsi dhewe dhewe. Wujudipun wonten Tebokan, Wilahan, Wilahan Pencon Pencon, Kawatan, lan Wujud Pipa


TEMBANG UYON UYON


KASUSASTRAN ING GENDHING :
1.      Cakepan inggih punika syair, tetembungan kang kangge tembang
2.      Cengkok inggih punika lak-luking swara kange nglagokaken tembang
3.      Gendhing inggih punika lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan
4.      Gamelan inggih punika piranti karawitan kangge ngiringi tembang
5.      Laras inggih punika rasa thinthingane swara cendhak ngantos swara dhuwur
6.      Titi Laras inggih punika angka minangkan gantine laras
7.      Pathet inggih punika ukuran cendhek dhuwuripun swara kangge nglagokaken tembang
8.      Pedhotan inggih punika pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben lirik
9.      Senggakan inggih punika unen unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing
10.  Swarawati inggih punika waranggana, pesindhen, penyanyi putri
11.  Wiraswara inggih punika penyanyi kakung
12.  Gerong inggih punika tembang kang dilagokaken sareng kaliyan gamelan kangge nyarengi gendhing
13.  Sindhenan inggih punika tembang kang dilagokaken dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan
14.  Irama inggih punika ukuran rindik rikating panabuhing gamelan
15.  Bawa inggih punika tembang kangge mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan
16.  Buka inggih punika tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing
17.  Blimbingan inggih punika wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron lan peking sing tengahipun ngangge lingiran
18.  Niyaga inggih punikaparaga kang ngayahi nabuh mangsa
19.  Paniti inggih punika paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggungan
20.  Karawitan inggih punika gumelaring gangsa saprabote, saged wujud pagelearan mandhiri utawa kangge ngiringi pagelaran liyane
21.  Waranggana inggih punika wanita ingka ngrengga karawitan kanthi tetembangan
22.  Saprangkat inggih punikagangsa jangkep, laras slendro lan pelog
23.  Sapangkon inggih punikanamung laras slendro utawa pelog kemawon
24.  Cokekan inggih punika pagelaran karawitan kang ricikanipun gender, slenthem, kendhang bathangan, siter, gong kemodhong
25.  Alusan inggih punika gender,gambang, rebab, siter, suling
26.  Balungan inggih punika demung, saron, peking

Kapethik saking : LKS BASA JAWA lan saking sumber informasi penulis

Tidak ada komentar:

Posting Komentar