KAWRUH SESORAH
Sesorah
inggih menika nglairaken gagasan,
pemanggih, uatawi osiking manah sarana lesan ing sangajenging tiyang kathah. Ancasipun supados ingkang sami mireng saged
nampa (informasi) kanthi becik.
a. Paugeranipun tiyang nindakaken sesorah,
inggih menika:
1. Nguwasani basa ingkang becik lan
gancar
2. Anggadhahi daya nalar
3. Anggadhahi kawanen
4. Sanggup ngandharaken gagasan
5. Saged nglaras manut swasana
6. Sikepipun prasaja boten tidha-tidha
ing sangajenging tiyag kathah
b. Jinisipun sesorah
Caranipun sesorah menika wonten 4,
inggih menika:
1. Sesorah kanthi cara apalan/memoriter
Sesorah
kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih
dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora
ana panemu-panemu anyarasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajroning
cathetan sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen bisa njalari
kabeh apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan
utawa bocah-bocah sing nembe ajar pidhato.
2. Sesorah kanthi cara
naskah/teks/manuskrip
Sesorah
utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi pamedhar sabda kudu ngasta naskah
nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para
pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi. Kanthi
ancas supaya ora mlenceng karo tujuan sakawit, ora kliru lan wektu kang winadya
winates. Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat
diterusake ana ing acara saresehan utawa temu wicara.
3. Sesorah kanthi cara dadakan utawa
impromtu
Pidhato cara
dadakan kuwi, pidhato sing ora kanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi,
pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis
trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis
kalebu ahli sesorah.
4. Sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara iki,
juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan cilik minangka gaman utawa
pengeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi
wos-wosing gati sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake deningdwija
kang arep mulang ana ing sangareping muride.
CONTONIPUN SESORAH :
Kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Pamucalan utawi pendidikan anggadahi manfaat kangge kita sedaya, pendidikan umumipun kawitan wanci satiyang punika dipunlairaken lan tansah mlampah salebeting kita gesang wonten donya menika. Hal menika amargi pendidikan mboten namung kawujud pendidikan formal kemawon, ananging langkung saking menika pendidikan ugi njangkep dening sedaya pengalaman ingkang kita lampahi wonten salebeting gesang.

Sinaosa wanci menika pendidikan formal sampun kathah dipun cawisaken
wonten sakiwa tengen kita, ananging pendidikan ingkang sejatosipun mboten
namung saking pendidikan formal kados sekolah lan perguruan tinggi. Kawontenan
menika saestu sanget wigati tumrap kita sedaya amargi pendidikan anggadahi
tujuan kathah kagem kita sedaya, wondene manfaat pendidikan kirang langkung
saget kula aturaken mekaten:
Setunggal, Ngebaki kebetahan elmi uga pangasumerepan tumrap manungsa.
Kalih, Mujudtaken pepengin kita sedaya utawi cara Indonesianipun cita-cita.
Kalih, Mujudtaken pepengin kita sedaya utawi cara Indonesianipun cita-cita.
Tiga, Nggampilaken pendamelan kita sedaya.
Sekawan, Nampa elmi ingkang badhe kita sedaya betahaken konjuk masa ngajeng kita.
Gangsal, Nambah wawasan ingkang langkung wiyar konjuk pangertosan kita sedaya.
Sekawan, Nampa elmi ingkang badhe kita sedaya betahaken konjuk masa ngajeng kita.
Gangsal, Nambah wawasan ingkang langkung wiyar konjuk pangertosan kita sedaya.
Kanca-kanca ingkang bagya mulya,
Wonten ngandap wau namung sekedik tujuan saking pendidikan, langkung malih saking menika pendidikan ugi nggadahi manfangat tumrap kita sedaya ingkang kirang langkung kados mekatan.
Wonten ngandap wau namung sekedik tujuan saking pendidikan, langkung malih saking menika pendidikan ugi nggadahi manfangat tumrap kita sedaya ingkang kirang langkung kados mekatan.
Setuggal, Nyiapaken para wiranem konjung nepeng peran tertemtu salebet
masyarakat masa ingkang badhe datheng.
Kalih, Marisaken elmi ingkang cocog kaliyan peranan kesebat saking
tiyang sepuh dhateng para wiranem.
Tiga , Marisaken kabudayan kagem njagi katentreman saha kewutuhan
masyarakat ingkang dados syarating mutlak kunjuk kelajengan bangsa lan negari
Indonesia.
Para kanca ingkang kula tresnani,
Mbok bilih namung mekaten atur kula wonten ngarsa panjenengan sami. Kathah kalepatanipun saestu nyuwun agunging pangaksami.
Mbok bilih namung mekaten atur kula wonten ngarsa panjenengan sami. Kathah kalepatanipun saestu nyuwun agunging pangaksami.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar